B. Daerah

Pertanyaan

bahasa ngoko lugu jadikan basa krama.
1.bapak maca koran,ibu adus.
saben arep sekolah adhiku adus banjur maca buku.
2.mas agus teka saka malang jm sepuluh bengi.
bapaku teka saka malang jam sepuluh bengi.
3. sesuk awan andri arep lunga menuang kediri.
sesuk awan ibu arep lunga menyang kediri.
4. nalika sekolah aku nggawa buku basa jawa.
dhek wingi bu guru nggawa laptop.
5.bubar adus aku bsnjur turu.
bubar adus pak lurah banjur turu.
6.dhik agus lagi nangis amarga wedhuse mati.
embah lagi nangis amarga nampa kabar lelayu.

1 Jawaban

  • 1. Rama (Bapak) maos koran, ibu siram.
        Saben badhe bidal sekolah adhik kula adus banjur maca buku.
    (bapak, ibu nggawe basa krama alus, adhik nggawe ngoko alus utawa krama lugu)
    2. Mas Agus dhateng saking malang jam sedoso dalu.
        Rama (Bapak) kula rawuh saking malang jam sedoso dalu.
    (Mas nggawe basa krama lugu, Bapak nggawe basa krama alus)
    3. Benjing siyang Andri badhe kesah dhateng kediri.
        Benjing siyang Ibu badhe tindak dhateng kediri.
    (Andri nggawe basa krama lugu, Ibu nggawe basa krama alus)
    4. Kala sekolah aku mbeta buku basa jawa.
       Nalika bu guru ngasta laptop.
    (aku nggawe basa ngoko alus utawa krama lugu bu guru krama alus)
    5. Bubar adus aku banjur tilem.
        Bibar siram pak lurah banjur sare.
    (Ali nggawe basa ngoko alus utawa krama lugu pak lurah nggwe krama alus)
    6. Dhik Agus lagi mular amarga mendane pejah
        Eyang nembe muwun amargi nampi kabar lelayu
    (dhik agus nggawe ngoko alus utawa krama lugu, embah nggawe krama alus)


    *Intine menawa AKU lan sak ngisore (Adhik utawa sak liyane) ora kena di kramakne nggawe ngoko alus, utawa sak duwur-duwure krama lugu. Mas utawa taksih sak barakan (sebaya) nggawe krama lugu dingge menghormati. Bapak, Ibu, Pak lurah Embah kudu nggawe krama alus.

Pertanyaan Lainnya